KPJ 136 RAHAYU WONG WEDI-ASIH
Versi Version 1
1
Rahayu wong wedi asih mring Pangéran Yéhuwah,
rameng gawé sepi pamrih, kasengsem sabdèng Allah.
Wong bener wah ngabekti slamanya dèn berkahi
lan turuné lestari.
2
Omahé wong kang pracaya kanggonan kalubèran;
kautamané slamanya, tansah ulah katresnan;
jroning peteng nglimputi, kang temen dèn padhangi.
wit tinunggil ing Gusti.
3
Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan:
wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah
piala tan medèni, wit pracaya mring Gusti
rineksa ing Hyang Widi.
4
Wong awatak welas-asih mring kang miskin wah ringkih
kanggonan luhuring budi wah kamulyaning ati.
Wong duraka mung mèri, ngrantam kang mbilaèni;
pituwasé pepati.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK